Pandongané Habakuk
1Pandongané Habakuk, kidungé kaya kidung pesambat.
2Duh GUSTI, kabar bab Panjenengan wis kula rungokké,
lan kula wedi marang penggawéané Panjenengan, duh GUSTI!
Penggawéané Panjenengan supaya Panjenengan lestarèkké ing njeruhné mlakuné taun,
ya sak njeruhné mlakuné taun supaya Panjenengan gelaraké,
ing njeruhné bendu-Né supaya gelem éling karo kawelasané!
3Gusti Allah teka sangka negara Téman,
lan sing Mahasutyi sangka pegunungan Paran. Sela
Kamulyan-Né nutupi sak ubengé langit,
lan bumi kebak pamuji marang Panjenengané.
4Ana sing sorot dadi semlorot,
saraté semlorot ing sisihé,
kuwi sing nutupi kekuwatan-Né.
5Lara pès mlaku ing ngarepé,
lan lara panas ngetutké mlakuné.
6Panjenengané ngadek, bumi digawé gonjing,
mripaté weruh mubeng, para bangsa pada pating jengirat karo kagèt,
gunung-gunung sing wis ana wiwit mbiyèn pada remuk,
puntuk-puntuk sing wis mbiyèn-mbiyèn anané pada dadi endèk;
kaya mengkono mlakuné GUSTI sak abat-abat.
7Aku weruh tarupé Kusan pada katekan ing kangèlan,
tarup-tarupé negara Midian pada keder.
8Duh GUSTI, apa marang kali-kali,
apa marang kali-kali tekané bebendu Panjenengan kuwi?
Apa marang segara Panjenengan nesu,
nanging Panjenengan nganti numpak jaran lan kréta kemenangan Panjenengan?
9Gendéwa Panjenengan wis Panjenengan pentang,
wis Panjenengan pasangi panah. Sela
Bumi Panjenengan petyah dadi kali-kali;
10gunung-gunung weruh Panjenengan, terus pada gemeter,
banjir liwat karo swara gembrojok,
segara nyuwara,
lan ngangkat tangané.
11Srengéngé, mbulan pada mandek ing panggonané,
awit sangka semloroté jemparing-jemparing Panjenengan sing dityulké,
lan awit sangka tyumloroté tumbak Panjenengan sing gemebyar.
12Karo nesu enggèn Panjenengan mlaku ndlajahi bumi,
para bangsa pada Panjenengan gebuk ing njeruhné bendu.
13Panjenengan mlaku perlu mitulungi umat Panjenengan,
ya mitulungi wong sing dijebati Panjenengan.
Wuwungé omahé wong duraka Panjenengan remuk,
dasarané Panjenengan brèngkal nganti watuné sing pungkasan. Sela
14Panjenengané nyubles karo panahé déwé,
penggedéné suradadu ing ngamuk,
arep mbuyarké kula karo surak-surak
kaya-kaya arep nguntal wong sing ditindes karo meneng-meneng.
15Karo jaran-Mu, Panjenengan mlaku ing segara,
ya kumpulan banyu sing muntuk.
16Waktu kula krungu perkara kuwi, gemeter ati kula,
lambé kula ndredek krungu muniné;
balung kula kaya-kaya pada klebonan bubuk,
lan kula gemeter ing panggonan sing kula idak;
nanging kula bakal karo ayem ngentèni dina tekané kangèlan,
sing nibani marang bangsa
sing grombolan nyerang kula.
17Senajan wit anjir ora metu kembangé,
lan wit anggur ora ana woh-wohé,
wit saitun woh-wohé nggawé gela,
senajan tegalan-tegalan ora ngetokké pangan,
wedus pada metu sangka kandangé,
lan ing kandangé ora ana sapiné,
18nanging kula bakal surak-surak ing njeruhné GUSTI,
bungah-bungah ing Gusti Allah sing ngluwari kula.
19GUSTI, Gustiku kuwi dadi kekuwatanku:
Panjenengané nggawé sikilku kaya sikilé menjangan,
Panjenengané nglilani aku mlaku ing puntuk-puntukku.
(Kanggo pemimpiné juru ngidung, ya kuwi karo swarané siter).