Masmur 16
Rahayu wong sing sutyi
1Miktam. Masmuré Daved.
Duh Gusti Allah, Panjenengan supaya gelem njaga kula,
awit kula ndelik marang Panjenengan.
2Tembungku marang GUSTI mengkéné: “Panjenengan kuwi Gusti kula,
kanggo kula ora ana sing apik kejaba Panjenengan.”
3Para sutyi ing tanah kéné,
kuwi wong mulya sing tansah dadi kebungahan kula.
4Wong sing nyembah allah liyané kuwi kasusahané mundak gedé;
kurbané ngesokné getih, kula ora mèlu masrahaké;
jenengé uga ora kula omongké ing lambé kula.
5Duh GUSTI, Panjenengan sing dadi panduman warisan lan tuwung kula.
Panjenengan piyambak sing ndadèkké panduman sing dilotré marang kula bisa lestari.
6Tibané tali kanggo ngukur sing kanggo kula ing panggonan sing nyenengké;
lemah panduman kula nyenengké ati kula.
7Aku ngelem-elem marang GUSTI, sing ngekèki pinuntun marang aku;
malah ing wayah mbengi pikirané atiku mulangi aku.
8Aku tansah madep marang GUSTI,
yèn Panjenengané ngadek ing tengenku,
aku mesti ora nganti gloyoran.
9Mulané atiku bungah-bungah lan nyawaku surak-surak,
malah dagingku bakal manggon karo tentrem.
10Awit Panjenengan ora masrahaké kula ing panggonané wong mati;
Panjenengan ora nglilani yèn katrésnan Panjenengan nganti weruh kuburan.
11Panjenengan sing nduduhké dalané urip marang kula;
kebungahan ditemokké lubèr ing ngarepé Panjenengan;
ing tangan Panjenengan sing tengen ana sing énak sing langgeng.