Ayub mbélani perkarané
1“Lah kuwi kabèh wis tak deleng karo mripatku,
tak rungokké karo kupingku lan tak mengertèni.
2Apa sing pada kok ngerti, aku ya ngerti,
aku ora kalah karo kowé.
3Nanging aku arep ngomong marang sing Mahakwasa,
aku kepéngin mbélani perkaraku ing ngarepé Gusti Allah.
4Nanging kowé kabèh kuwi wong sing pada nutupi gorohmu,
lan pada dadi dukun sing palsu.
5Yèn kowé pada meneng babar pisan,
kuwi malah dadi kawityaksananmu.
6Rungokna ta semaurku
lan gatèkna jawabané lambéku!
7Apa kowé gelem goroh kanggo Gusti Allah,
apa kowé gelem ngapusi kanggo Panjenengané?
8Apa kowé gelem mbélani Gusti Allah
lan bantahan kanggo mbélani Panjenengané?
9Apa apik, yèn Panjenengané sing mriksa marang kowé?
Apa kowé bisa ngapusi Panjenengané kaya ngapusi wong?
10Kowé bakal pada diukum abot
yèn kowé mbélani karo meneng-meneng.
11Apa kamulyané Gusti Allah kuwi ora bakal ngagètké kowé,
lan apa kowé ora bakal ketiban rasa wedi?
12Pepéling-pepélingmu kuwi wulang bebasan lebu
lan tamèngmu kuwi tamèng lempung.
13Pada menenga! Aku arep ngomong,
senajan apa waé sing bakal ditibakké marang aku, tak sanggané!
14Dagingku arep tak jupuk karo untuku,
lan nyawaku arep tak sangga karo tanganku.
15Delengen, Panjenengané arep matèni aku, aku wis ora nduwé pengarep-arep,
nanging aku arep mbélani ing bab mlakuku ing ngarepan-Né.
16Panjenengané bakal dadi keslametanku,
nanging wong lamis ora kena ngadep ing ngarepé.
17Rungokna sing tenanan tembung-tembungku,
lan gatèkna tegesé!
18Ngertia, aku wis nyawiské perkaraku,
aku yakin, yèn aku bener.
19Sapa sing kuwat padu karo aku,
ya wis, aku tak meneng waé terus tak mati.
20Mung rong perkara supaya aja Panjenengan nindakké marang aku,
dadi aku ora bakal ndelik sangka ngarepé Panjenengan,
21ya kuwi: Tangan-Né supaya disingkirké sing adoh sangka kula,
lan uga rasa gemeter
marang Panjenengan aja ditibakké marang kula,
22terus Panjenengan supaya nyeluk kula, kula ya bakal nyauri;
utawa kula sing ngomong lan Panjenengan sing nyauri.
23Sak pira ta gedéné kesalahan lan dosa kula?
Kula supaya Panjenengan nduduhké marang panerak lan dosa kula.
24Apa sebabé Panjenengan nganti ndelikké praupan Panjenengan
lan kula Panjenengan anggep mungsuh?
25Godong kabur kanginan kok Panjenengan nggawé gemeter;
damèn garing kok Panjenengan uber-uber!
26Awit kula Panjenengan tibani sing pait getir,
kesalahan waktu nom-noman kula kuwi Panjenengan tibakké marang kula,
27taleré kula Panjenengan ranté,
lan sak mlaku kula Panjenengan ulat-uletké,
tlapakané kula Panjenengan pasangi palangan,
28nanging kuwi kanggo wong sing wis ringkih kaya kayu gapuk,
kaya mori sing dipangan karo rayap.”