Yèn wis mati, ora ana pengarep-arep
1“Manungsa sing lair sangka wong wadon,
tyendek umuré, warek karo kasusahan,
2mekar kaya kembang terus alum,
ilangé kaya ayang-ayang, ora bisa lestari.
3Apa ya Panjenengan bakal gelem weruh wong sing kaya mengkéné kuwi
lan bakal Panjenengan gèrèt menyang pengadilan Panjenengan?
4Apa tau ana wong resik tukulé sangka wong reget?
Siji waé mesti ora ana!
5Kanggo kuwi umuré manungsa wis dipestèkké watesé,
lan tyatyahé sasiné wis Panjenengan temokké, apa menèh wates-watesé wis Panjenengan tetepké, terus ora bisa kelangkahan,
6mila Panjenengan supaya gelem ménguh, supaya dèwèké bisa lèrèn,
terus bisa ngrasaké énaké dina kaya wong buruh.
7Awit kanggo wit-witan ijik ana pengarep-arep;
yèn ditegor, metu trubusan malih,
banjur urip ing sak terusé.
8Senajan oyoté dadi tuwa ing njeruhné lemah,
lan tunggaké nganti mati manggon ing lebu,
9nanging angger mambu banyu,
mesti semi lan metu pangé sing dadi tanduran anyar.
10Nanging yèn wong nemoni pati wis ora nduwé daya kekuwatan menèh;
manungsa yèn wis mati,
wong iki terus ing ngendi?
11Kaya banyuné tlaga sing nguwab
lan kali sing asat lan mati,
12mengkono uga manungsa ya ambruk lan ora tangi menèh,
nganti tekan ilangé langit pada ora tangi utawa digugah anggèné turu.
13Nanging beja kula yèn Panjenengan gelem ndelikké kula ing panggonané wong mati;
yèn Panjenengan gelem ngaling-alingi kula nganti mandeké bebendu Panjenengan
lan yèn Panjenengan gelem netepaké waktu terus Panjenengan éling marang kula!
14Manungsa yèn wis mati, apa bisa urip menèh?
Yèn mengkéné kula nduwé pengarep-arep sak suwéné kula ngalami kangèlan,
nganti tekan giliran kula.
15Panjenengan terus bakal nyeluk kula, lan kula bakal nyauri;
Panjenengan bakal kangen marang penggawéané tangan Panjenengan.
16Panjenengan terus ora bakal nggatèkké dosa kula,
senajan Panjenengan ngitung jangkah kula,
17panerak kula terus pada dilebokké ing kantong sing diségel,
lan Panjenengan bakal nutupi rapet kesalahan kula.
18Nanging kaya gunung sing ambruk terus ajur,
lan watu sing ngalih panggonan,
19lan kaya banyu sing nggripiské watu,
lan banteré iliné ngéntérké lebuné lemah,
ya kaya mengkono enggèn Panjenengan nglebur pengarep-arepé manungsa.
20Manungsa Panjenengan kwasani sak lawasé terus lunga piyambaké,
Panjenengan owahi praupané terus Panjenengan tundung;
21ora weruh enggoné anak-anaké pada olèh kamulyan,
utawa pada tiba ing ala ya ora dimangertèni.
22Mung awaké sing njalari dèwèké ngalami perih,
lan awit sangka dèwèké déwé, nyawané ngalami sedih.”