Urip kuwi abot
1“Manungsa kuwi ing bumi apa ora kudu kerja abot,
étungané umuré kaya dinané wong buruh?
2Kaya upamané batur sing kepéngin panggonan sing iyup,
utawa kaya buruh ngentèn-entèni upahé,
3ya mengkono enggonku nduwé pirang-pirang sasi kebak tyilaka,
lan pirang-pirang mbengi kebak kasusahan.
4Yèn aku mapan turu tembungku:
Mbésuk apa aku bakal bisa tangi?
Nanging benginé mulur dawa,
nggawé kesel enggonku ngolang-ngaling nganti tekan wayah uput-uput.
5Awakku ketutupan sèt lan lebu,
kulitku pating prentul, terus metyah metu nanahé.
6Dina-dinaku banteré ngungkuli tropongé tenunan,
ilangé tanpa ninggal pengarep-arep.
7Panjenengan supaya gelem éling, yèn urip kula kuwi mung abab waé,
lan mripat kula ora bakal weruh sing apik menèh.
8Wong sing weruh kula saiki, mbésuk wis ora bakal weruh menèh.
Panjenengan weruh kula, nanging kula wis ora ana.
9Kaya mendung sing lebur terus entèk,
ya mengkéné wong sing medun menyang ndonyané wong mati ora bakal mentas menèh.
10Ora mulih-mulih ing omahé malih,
ora bakal dikenal karo panggonan ing panggonané malih.
11Mulané kula ora bakal ngendek tutuk kula,
kula bakal ngomong ing sak njeruhné kangèlané nyawa kula,
lan bakal sambat sak njeruhné paité
ing ati kula.
12Apa kula kuwi segara utawa monster segara,
nanging Panjenengan nganti nganakké njaga kanggo kula?
13Yèn kula mikir: Peturonku bakal ngekèki panglipuran marang aku,
lan ambènku bakal ngèntèngké sambatku,
14kula terus Panjenengan kagètké karo impèn
lan Panjenengan nggawé wedi karo werna-werna ing njeruhné turu,
15sak nalika kula luwih seneng ditekek,
terus mati tenimbang ngrasaké kasusahan kula.
16Kula wis jelèh, kula ora saguh urip ing sak lawasé.
Kula supaya Panjenengan etyulké,
awit urip kula kuwi mung kaya abab waé.
17Manungsa kuwi apa ta, nanging nganti Panjenengan anggep gedé,
lan Panjenengan gatèkké,
18Panjenengan éndangi saben ésuk,
lan saben-saben Panjenengan nyoba?
19Mbésuk apa enggèn Panjenengan ora bakal nggatèkké kula menèh,
lan ngetyulké kula, terus kula bisa ngulu idu kula?
20Yèn kula nggawé dosa, apa sing kula tindakké marang Panjenengan,
duh Gusti Allah, sing njaga manungsa?
Kepriyé kula Panjenengan dadèkké tujuané panah-Mu,
nganti abot enggèn kula nggawa awak kula déwé?
21Lan apa sebabé Panjenengan ora gelem ngapura kesalahan kula,
lan ora gelem ngilangi duraka kula?
Awit mengko kula bakal turu ing lemah,
lan Panjenengan terus bakal nggolèki kula, nanging kula wis ora ana menèh.”